contoh pidato bhs jawa bertemakan 17 agustus
B. Daerah
dicky477
Pertanyaan
contoh pidato bhs jawa bertemakan 17 agustus
1 Jawaban
-
1. Jawaban aleria
Assalamualaikum Wr. Wb.
Ingkang kinurmatan Bapak-Bapak , ibu-ibu ingkang minulya saha para wredha mudha
ingkang kula tresnani.
Ingkang sepindhah, sumangga kita panjataken puja lan puji syukur dhumateng ngasanipun
Gusti Ingkang Maha Kuwaos ingkang sampun paring kasehatan marang kita sedaya
saengga kita saget kempal wonten acara punika tansah sehat wal’afiat.
Salajengipun, kula aturaken sugeng rawuh wonten acara malam tirakatan kamardhikaan
Indonesia ingkang kaping sewidak pitu.
Bapak-ibu sarta sedherek-sedherek ingkang kinurmatan, kados sampun kita mangertosi
sesarengan bilih rikala tanggal 17 Agustus 1945, Indonesia mbiyawaraaken kamardhikan.
Para pemimpin bangsa punika wusananipun kasil maosaken teks proklamasi kamardhikan
Indonesia lan gadhah cita-cita luhur inggih punika sila-sila wonten Pancasila.
Bapak-ibu ingkang minulya, panjenengan kasuwun rawuh ing pahargyan punika, saperlu
tirakatan, sesarengan nyenyuwun dhumateng Gusti Allah, mugi-mugi nagari Indonesia
saklajenipun langkung sae tinimbang sakderengipun merdheka.
Bapak-ibu, sumangga kamardhikan menika dipunisi kalihan pembangunan ugi watak
nasionalisme ingkang katandur ing manah.
Wasana, cekap semanten atur kula. Bilih wonten klenta-klentu anggenipun kula matur,
nyuwun pangapunten.
Wassalamualaikum Wr. Wb