gawea rantaman adicara Pengetan Dina Ambal Warsa Sekolah Kaping 33!
B. Daerah
amelll5
Pertanyaan
gawea rantaman adicara "Pengetan Dina Ambal Warsa Sekolah Kaping 33"!
1 Jawaban
-
1. Jawaban firda454
Warsa Sekolah
Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh
-Ingkang dahat kinurmatan bapak kepala SMP Negeri 1 Pakem.
-Ingkang kula kurmati bapak/ ibu guru lan staff.
-Ingkang kula tresnani para kanca sedaya.
Langkung rumiyin kula dherekaken muji syukur marang ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha Kuwaos, ingkang sampun maringi kasarasan lan rahmat, saingga kita sedaya saged ngrawuhi acara Ambal Warsa Sekolah ingkang kaping 33
Kula minangka pranatacara ngaturaken maturnuwun sanget dhumateng para rawuh, ingkang sampun kersa ngrawuhi adicara sakmenika. Ing wekdal menika kula badhe maosaken urut reroncenging adicara.
1. Pambuka
2. Tanggap wacana saking bapak kepala sekolah
3. Tanggap wacana saking ketua OSIS
4. Potong tumpeng
5. Pentas seni
6. Panutup
Ngancik adicara ingkang kaping setunggal, inggih menika pambuka. Mangga kita sedaya maosaken donga miturut kapitadosanipun piyambak-piyambak. Sumangga! Cekap!
Adicara ingkang kaping kalih inggih menika tanggap wacana saking bapak kepala sekolah, Bapak Wakijo S.Pd. Dhumateng Bapak Wakijo S.Pd., wekdal lan papan kula aturaken!
Maturnuwun dhumateng Bapak Wakijo S.Pd. ingkang sampun maringi tanggap wacana, mugi-mugi mumpangati kangge kita sedaya.
Adicara ingkang kaping tiga, inggih menika tanggap wacana saking ketua OSIS, sedherek Naufa Rohman Syaifuddin. Dhumateng sedherek Naufa wekdal lan papan kula aturaken!
Maturnuwun dhumateng sedherek Naufa ingkang sampun maringi tanggap wacana.
Adicara ingkang saklajengipun inggih menika potong tumpeng. Dhumateng Bapak Wakijo S.Pd. supados kersa motong tumpeng, wekdal lan papan kula aturaken!
Maturnuwun dhumateng Bapak Wakijo S.Pd. ingkang sampun kersa motong tumpeng.
Adicara ingkang kaping gangsal inggih menika pentas seni saking sedaya kelas. Dhumateng perwakilan saking sedaya kelas, wekdal lan papan kula aturaken!
Maturnuwun dhumateng sedaya kelas ingkang sampun maringi hiburan, mugi-mugi mumpangati kangge kita sedaya,
Ngancik adicara ingkang pungkasan, inggih menika panutup. Kula minangka pranatacara mbok bilih katah kalepatanipun nyuwun agunging pangapunten. Mangga kita sedaya maosaken donga miturut kapitadosanipun piyambak-piyambak. Sumangga! Cekap!
Ing wasana cekap semanten, sugeng kondur.
Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.