B. Daerah

Pertanyaan

pawarta kasebut digiarake nganggo basa

1 Jawaban

  • .  PAWARTA

    Pawarta inggih menika katrangan ingkang maringi pangertosan ngenani sawijining kahanan. 

    (Berita yaitu keterangan yang memberikan pengertian mengenai salah satu keadaan) 

    B. Wujud Pawarta :

    (Bentuk Berita)

    1. Lesan (Lisan) : digiyarake lumantar TV, Radio utawa dipunwaos kanthi lugas. (Disiarkan melalui TV, Radio atau dibaca dengan lugas/pokok-pokok yang penting saja.)

    2. Seratan (Tulisan) : 

    a. Ariwarti : layang kabar (surat kabar) kang metune saben dino.

    Tuladhanipun : Koran.

    b. Kalawarti : layang kabar kang metune kala-kala (ora saben dina).

    Tuladhanipun : Majalah. 

    C.  Unsur pawarta ana 5, biyasa disebut nganggo istilah 5W+1H. 

    Apa kang diwastani 5W+1H?

    W1 = What
    W2 = Who
    W3 = When
    W4 = Where
    W5 = Why
    H = How

    1. W1 = What 

    WHAT (apa) yaiku njlentrehake babagan apa kang ana ing pawarta iku.

    2. W2 = Who
    WHO (sapa) yaiku njlentrehkake babagan sapa utawa tokoh kang ana ing pawarta mau. Unsur sapa iki biasane dijlentrehake kanthi jangkep, kayata babagan ciri-cirine, titel, umur, lan sapanunggale.

    3.  W3 = When
    WHEN (kapan) unsur kang njlentrehake wektune prastawa ing pawarta iku kadadeyan. Unsur WHEN iki bisa kasebut nganggo jam, uga bisa kasebut kayata mau isuk, wingi sore lan sapanunggale

    4. W4 = Where
    WHERE (nang endi) yaiku njlentrehake babagan panggonan kadadeyan prastawa ing pawarta iku. Tuladhane kayata "dompet kae tiba ora kadoh saka omahku".

    5. W5 = Why
    WHY (nangapa/kenapa) nuduhake sebab-musabab kenapa prastawa iku kedadeyan. Biasane bisa ditiliki saka tembung "asale, sebabe, mulane".

    6. H = How
    HOW (kepriye) njlentrehake babagan keriye prastawa iku kadadeyan. Bisa uga nuduhake kepriye swasana ing prastawa iku.

    Kabeh unsur ing dhuwur perlu ana ing pawarta. Menawa ora ana salah sijine, pawarta mau bakalan ora jangkep lan ora wutuh informasine.

    D. Wujud Pawarta :

    (Bentuk Berita)

    1. Lesan (Lisan) : digiyarake lumantar TV, Radio utawa dipunwaos kanthi lugas. (Disiarkan melalui TV, Radio atau dibaca dengan lugas.)

    2. Seratan (Tulisan) :

    a. Ariwarti : layang kabar (surat kabar) kang metune saben dino. (Surat kabar yang keluar/diterbitkan setiap hari.)

    Tuladhanipun : Koran.

    (Contohnya : Koran)

    b. Kalawarti : layang kabar kang metune kala-kala (kadang-kadang/ora saben dina).

    Tuladhanipun : Majalah.

    (Contohnya : Majalah)

    1.    Jeneng, tegese pawarta kang digiyarake ngenani wong kang nduweni kawentar, tuladhane tokoh politik, agama utawa artis kang gedhe banget pangaribawane marang masyarakat. Saka jeneng bae bisa langsung narik kawigatene masyarakat kanggo nyemak surasane pawarta kanthi cetha.

    2.    Anyar (up to date ), tegese pawarta kang isih dadi undering rerasanan ana masyarakat bakal antuk kawigaten kang luwih tinimbang pawarta-pawarta kang wis kadaluwarsa.

    3.    Penting, tegese pawarta kang digiyarake bisa dianggep penting kanthi ukuran hebat, arang kadadeyan, kadadeyan gedhe utawa kadadeyan kasebut ana sambung rapete karo bebrayan agung.

    4.    Konflik, tegese larah-larahe kadadeyan ndadekake pasulatan utawa ontran-ontran bisa narik kawigatene para pamiyarsa.

    5.    Caket, tegese prastawa utawa kadadeyan kang digiyarake bakal luwih bisa narik kawigaten menawa nduweni sesambungan kang cedhak karo pamiyarsa.

    6.    Unik, tegese prastawa kang dilaporake nggumunake, arang kadadeyan bisa uga durung nate bisa kasil luwih narik kawigatene bebrayan akeh.

Pertanyaan Lainnya